MAWAS BEDANE
PASA LAN SHAUM SYAR’I ISLAM
Yen
nyemak ajaran agama lan migetakake kahanane jagad raya iki katon cetha yen alam
pasifa lan tetuwuhan sarta bangsane kewan iku kerep nindakake pasa. Kang dadi
pitakonan, pasa iku kalebu basa apa, lan kepiye pangerten sarta prosese. Wiwit
jaman kapan manungsa ing alam donya iki padha nglakoni pasa?
Ana
ing buku-buku agama Islam kerep tinemu tembung pasa, nanging bareng daklacak
ana ing nash Al Qur’an lan ana Hadits kok ora nemokake tembung “pasa”. Lha iki
asale saka endi?
Meturut
L. Mardiwarsito ing buku’Kamus Jawa Kuna
Indonesia’ ( Penerbit Nusa Indah 1981), pasa iku asale saka basa Sansekerta
upawasa! Tembung upawasa
iku miturut kitab upadesa Ajaran Agama Hindu (Penerbit Departemen Agama 1979)
kalebu ing golongan Dasa Niyama Brata
kang wigati.
Manut
informasine I Gede Sura ana ing kitab Pengendalian
Diri dan Etika Ajaran Agama Hindu (Penerbit Hanuman Sakti, 1985), pasa iku
sawenehe proses ngendhaleni diri kanthi
cara matesi mangan lan ngombe. Pasa iku mujudake cak-cakane tapa.
Tembung
tapa iku maknane cahya, panas, nyiksa
dhiri lsp. Yen miturut termonologi maknane, tapa iku panas kang ngobong
reregede badan supaya manungsa iki dadi resik, suci, saengga cahyane sumunar
nyenengake. Tapa iku mujudake pengawasan, pamekak, lan ngendaleni marang sir,
budi, cipta, lan rasa. Cak-cakane tapa iku kudu sehat khanti migunakake cara
wiweka.
Ana ing kitab Weda
Smerti Compediun Hukum Hindu ( Buku XI Sloka 204) disebutake : Berpuasa adalah
tapa, karena melupakan upacara yang diwajibkan oleh Weda dan karena melalaikan
kewajiban khusus sebagai Snataka. Dadi pasa iku = tapa!
Salah
sijine cak-cakane laku pasa yaiku pati geni lan ngebleng pirang-pirang dina
lawase. Kepara ana kang pasa migunakake laku ngluwang ( tapa pendhem ) ing
kuburan. Tirakat mawa migunakake laku pasa iku wis katindakake wiwit jaman
kuna.
Wong
mesir jaman ja-majuja iyen nindakake pasa kanggo memule para dewa. Banjur wong
yunani jaman baheula tansah nindakake ing sadurunge nindakake upacara wigati.
Anggone nindakake pasa pirang-pirang dina tanpa mangan lan ngombe. Wong romawi
uga nindakake pasa kanggo ngasah ngaurip.
Ing Syari’ah Islam uga ana laku pasa kang disebut shaum. Yen disemak kanthi ilmiah,
antarane pasa lan shaum ana perbedaan kang prinsip ing babagan tujuan lan
prosese. Tujuan kang digayuh shaum iki babagan iman lan takwa, kang katujokake
marang Allah SWT. Mula ibadah kang luwih pas laku tirakat iki tumrap Islam ora
di sebut pasa. Luwih cocok yen disebut iadah shiyam kaya kang kacetha ing Al
Qur’an 2:183. Ing wasana muga-muga andharan sapala iki bisa nambah iman.
Sumber : Lali
Tidak ada komentar:
Posting Komentar