Kamis, 29 Maret 2012

Ngelamar Kerja

Lelucon Khusus Wong Jowo
jp : Kowe nduwe omah opo ora....?
ian : dereng..
jp : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
ian: Lho kok ngaten...?

jp: Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
ian: Ah.. mboten kok, sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
jp: Yo malah ora ketompo
ian: Lho kok ngaten..?
jp: Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

jp: Kowe nduwe motor opo ora....?
ian: Mboten.
jp: Ora ketompo
ian: Lho kok mboten ketompo ?
jp: Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
ian: Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
jp: Wah malah ra ketompo....
ian: lho kok ngoten
jp: Tempat parkire wis ra cukup.

jp: Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
ian: Sampun pak.
jp: Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
ian: Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
jp: Malah ora ketompo...
ian: Lho kados pundi to....?
jp: Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.

jp: Kowé seneng guyon opo ora ?
ain: Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
jp: Ra' ketompo...
ian: Waa..kok ngoten?
jp: Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
ian: Sak jané nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
jp: Malah ora ketompo.
ian: Lho kok.
jp: Engko kowé mung email-emailan sing lucu..

jp: Kowé mau mréné numpak opo ?
ian: Nitih mobil
jp: Kowé ora ketompo
ian: Sebabipun ?
jp: Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
ian: Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
jp: Tambah ora ketompo
ian: Lho, lha kok ... ?
jp: Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi !

jp: Anakmu akèh opo sithik ?
ian: Kathah pak
jp: Kowé ora ketompo
ian: Sebabipun ?
jp: Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
ian: Lha wong namung anak adopsi, kok.
jp: Tambah ora ketompo
ian: Lho, lha kok ... ?
jp: Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé

jp: Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
ian: Dèrèng
jp: Kowé ora ketompo
ian: Sebabipun ?
jp: Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
ian: Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
jp: Tambah ora ketompo
ian: Lho, lha kok . ?
jp: Kowé rak mung arep keminter, to ?

jp: Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung
ian: Dèrèng
jp: Kowé ora ketompo
ian: Sebabipun ?
jp: Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?
ian: Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
jp: Tambah ora ketompo
ian: Lho, lha kok .. ?
jp: Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?

jp: Kowé kerep loro ?
ian: Mboten
jp: Kowé ora ketompo
ian: Sebabipun ?
jp: Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
ian: Wah, sakjanipun nggih asring
jp: Tambah ora ketompo
ian: Lho, lha kok ... ?
jp: Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

jp: Kowé biso main Internét ?
ian: mBoten
jp: Kowé ora ketompo
ian: Sebabipun ?
jp: Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
ian: Wah, sakjanipun nggih saged
jp: Tambah ora ketompo
ian: Lho, lha kok . ?
jp: Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa !

jp: Kowe waras opo ora?
ian: Lha, kulo nggih waras to Pak.
jp: Ra ketompo..
ian: Kenging nopo ..?
jp: Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
ian: Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
jp: Malah ra ketompo.
ian: Pripun to niki..?
jp: Mengko aku duwe saingan...
he...he...he...



Tidak ada komentar:

Posting Komentar